Selasa, 07 Februari 2017

Nasihat KH Mufid Mas'ud (Pendiri PonPes Sunan Pandan Aran)

Yen wes Khatam Qur'an, kudu riyadhoh diposoni dideres ono jero sholat sampek Al Qur'an benar-benar mendarah daging.
Kowe wes Hatam Qur'an ojo kemaki wes lancar.. tur ora sregep nderes.. aku iki wes hatam puluhan tahun ngroso durung lancar isih kudu nderes.
Al Qur'an saiki dideres ibarat koyo ngumbe jamu rasane pahit, ning awak sehat... mengko-mengko nek wes istiqomah nderes rasane manis koyo madu.
Kabeh santriku ojo sampek wayoh.. duwe siji sing gemati diagem sampek mati.. nek ono santri sing wayoh engko tak keplaki.
Aku ora ngaramke rokok.. kerono akeh kyai sing podo ngerokok.. aku nderek Kyai Munawwir sing ora ngerokok.. dadi kowe kabeh santriku yo ojo ngerokok... cangkem gawe deres Qur'an kok di obong..
Nek gawe omah diniyati gawe hurmat tamu InsyaAllah barokah lan gampang rizkine..
Ananda semua kalo mau bikin pondok jangan bergantung kepada makhluk.. jaluk tenenan nang Gusti Allah liwat Al Qur'an lan Sholawat kanjeng Nabi.
Aku ora pingin duwe santri sing dadi muballigh ceramah-ceramah nanging subuhe karipan..kaburo maqtan 'indallooh....
كبر مقتا عند الله أن تقولوا ما لا تفعلون
Ahli Qur'an iku wong kang wedi karo Gusti Alloh.. dudu karo makhluk..
Santriku ojo pengin dadi PNS dadi bature negoro.. hidmah nang Qur'an sing tenanan Insya Allah mulyo dunyo akhirat..
Ahli Qur'an iku ojo seneng omong kosong, bengi melek ora nderes iku dudu huffadz tapi huffasy (lowo/codot).
Semoga para santri bisa mengamalkan dan menteladani beliau..
Amin...
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar