Minggu, 30 Desember 2018

Surga Dunia Adalah Majlis Ta'lim


ان في الدنيا جنة من دخلها طاب عيشه
Setuhune ing alam dunyo iku ono suwargo. Sinten ingkang kerso manjing mesti uripe kepenak.
Dadi ning dunyo iku empun wonten surgo. Kito saget nikmati surgo iku. Terus nopo surgone? Yoiku PANGGONAN NGAJI utowo MAJLIS TA'LIM. Mangkane kapan wong kerso ngaji mesti uripe ayem. Masio naliko ngaji paham utowo ogak paham. Sepiro akehe panggonan ngaji sepiro suwargone akeh.
Biso di titeni daerah kok babar blas ora ono ngajine mesti wargane sumpek kabeh. Mangkane Kyai-kyai biyen najan saben dino mung ngoja ngaji mulang santri tapi uripe ayeme puuuolll.
Bahkan ono sing Sampek iso kaji bola bali koyok Mbah Maimoen Sarang, Mbah Dimyati Kaliwungu lan sanes-sanesepun.
Lha sing nang pasar saben dino sing nang pabrik gak tau libur sing dagang rino wengi atine sumpak sumpek ae yo akeh. Mangan ijeh kurang-kurang opo maneh kaji. Yo rodok kangelan.
Pesene Kanjeng Nabi Muhammad SAW nak kepengen intuk suwargo dunyo morono panggonan ngaji awakmu bakal ayem lan ngajimu bakal nyafa'ati.
Di sebutno teng hadist qudsi. "Aku gak dadikno ilmu nang gone wong. Gak dadekno wong kon ngaji. Pancen Aku kepengen wong iku tak sepuro duso-dusone. Kesimpulane alamat wong dusone disepuro Gusti Alloh iku kapan wong mau enteng olehe ngaji.
اللهم صل وسلم وبارك على سيدنا محمد وعلى اله وصحبه أجمعين.


Sumber

Tidak ada komentar:

Posting Komentar